Sekolah iku gak lengkap yen gak ana PR. Nanging kadang aku males lan kesel yen diwenehi PR akeh. Akhire aku mesti ngerjakno PR ning sekolah. Gayane tangi isuk budal isuk mbarengi bakul janganan ing pasar. Sing tak pegeli iku nek ana kanca arep nyonto, pomo gak tak contoni aku diarani medit tapi kadang nek aku nyonto mala dee medit nemen. akhire aku sing paling pegel yen aku nyontoni bijiku elek tapi sing tak contoni malah bijine apik.
Yen biasane bar ulangan iku mesti ana remidi kanggo sing entuk biji elek. Naning remidi iki perkoro sing megelno, amergo remidi soale kadang luweh angel saka ulangan biasane. Kadang aku mikir kok iso yo? Pie carane kok iso remidi luweh angel saka ulangan, ibarate tukang ojek dikon balapan karo valentino rossi. Ngomongne rossi aku maleh kelingan balapan motor GP, ana sing ngomong yen valentino rossi kui hebat banget amergo wis tau nyabet gelar juara bolak balik. Nanging yen pikirku valentino rossi kui bisa hebat ngunu kui amergo pas balapan gawe motor 1000 cc, seumpama balapan gae motor mio terus lawane gar motor 1000 cc jelase wis kalah bolak balik.
Biasane yen dino senin iku mesti ana upacara. Mbien lapangan sekolahku sek teko lemah biasa, dadi yen isuk isuk dino senin udan kabeh mesti seneng amergo gak upacaralapangane jembrot kebek banyu. Kui bisa disebut berkahe arek sekolah sing mben dino senin podho males sekolah.
Sekolah iku mesti ana ujian akhir sing biasane disebut UN. UN ning Indonesia iku mesti ana selingane karo sing jenenge bocoran. Biasane tuku bocoran UN kui bareng bareng urunan dhuwite. Biasane mesti ana bakulan sing ngadol kunci jawabane UN. Dino dino ape UN kabeh kancaku podo akeh sin nyatet bocoran UN. Ana sing nyatet ndek kelas nde omah tapi sing luwih parah akeh sing nyatet nde mushola suapaya gak ketoro yen lagi nulis bocoran. Lucune ngene yen podho nulis bocoran nde mushola padha wae php-in malaikat amegro kadung dicatet nde amal apik amergo ape UN mesti ndek mushola tibako nde mushola podho nyatet bocoran UN.
Pas wayahe UN diwiwiti, awale kabeh podho anteng suisui maleh rame golek contoan. Kabeh mesti padha ngerti pie ae kode kode carane nyonto. Misale jawaban A kui ndemek alis jawaban B ndemek irung lan liyane. Iku kabeh bisa dadi kenangan manis sing tau dilakoni ning sekolah, lan kabeh bakale kangen pas wis lulus sokmben.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar