Rusake Kekancan
“Ning endi ana Sukma neng kono mesti
ana Amel.” iku sebutane arek-arek kanggo aku lan sukma. ancen aku lan sukma wes
koncoan suwi banget lan raket.
nandi-nadi mesti bareng mesti cah loro. aku lan sukma iku sakjane kaya banyu
lan geni. sukma iku nduweni watak sumringah lan lambe tipis.aku nduweni sifat
menengan lan gampang nesu. sukma iku nduweni sifat ala yaiku nek ngomong ora
tau dipikir disik. tapi aku bisa wes paham lan sabar yen ngadepi sukma. awale
aku kenal sukma yaiku pas SD kelas 6. tapi, kui kabeh ora iso mutuske
persahabatane adewe sampe kejadian pas aku lan sukma kelas 9. awale aku
apik-apik wae karo sukma sampe teko arek lanang kang ngrusak kekancanane aku
lan sukma.
“kring..kring..kring”
suarane bel sekolah tandane masuk kelas lan pelajaran siap diwiwiti. dibarengi
iku wali kelasku melbu kelas karo arek lanang kang gagah prakosa. kabeh mata
pada nyawang arek iku sampe aku lan sukma nganti ngrasani arek iku saka bangku
mburi.
“ma
sukma ndeloken ta arek kui! ” karo mlongo.
“
jenenge sapa yo mel jan gagah prakosa kaya Raden Werkudara ”.
“
ancene adi luhung temenan arek iku. “
dika
iku jenenge. dika iku pindahan saka Surabaya areke pindah rene amerga melu
mbahe. “Baguse kaya Arjuna ancenan ” sebutane arek-arek kanggo dika. tibakno
ora aku lan sukma wae sing kesemsen karo dika. arek wadon sak kelasku padha
kesemsen karo dika. alasane uga iku wae akeh seng kesemsen karo dika soale dika
iku pinter lan sumeh menisan sapa wae wong kang dipetuki mesti dijak guyu.
amerga iku dika oleh ati saka arek-arek.
Ujian nasional akhire wes cedek
kabeh persiapan wes mulai disiapne saka adoh dina. aku lan arek-arek kelas 9
podo digembleng bimbel lan jam pelajarane yo ditambah. akeh seng ngomong nek
pas detik-detik UN iku bakale akeh masalah nanging aku lan sukma ora ngandel.
“
eh mel aku kog bingung.”
“
enek masalah to ma?”
“
jarene arek-arek nek apene UN bakale akeh masalah tho?”
“
ora usah percaya lah. yo didelok ae ma.”
“
tapi iki rasane beda mel.”
“
kring..kring..kring” suara bel sekolahku
“
bruk…brukk….brukk” suarane sepatuku pas tak gawe mlayu
isuk iku aku telat amerga tangiku
kawanen. isuk iku wayahe bimbel amerga UN kurang 1 bulan. bimbel iki diadakne
isuk banget utawa diarani jam kenol.kaya biasane aku mesti telat budal sekolah
padahal omahku ora ana 1 km saka sekolahku.ora ngerti nyapo tangiku wes isuk
nanging kadang nggampangne amerga omahku idek. biasane aku ya bareng sukma. aku
saben dina mesti mlaku nek budhal sekolah. isuk iku aku rodok wedi amerga pas
teko ngarep gerbang sekolah wes ora ana arek kelas 9 seng telat budal bimbel.
“
mel.. amel… ngenteni mel! ” suara teko mburi tapi aku tetep mlayu ora peduli
sapa seng nyeluk aku iku. ujug-ujug suara iku wes cede king sandingku.
“
heh, mel diceluk ora gelem noleh.” karo gepuk pundaku.
“
oalah, dika to ora eroh aku.”
“
arek kok telatan eram omah ora enek 1 km ngnono. ”
“
ora enek len. ” aku karo mlayu amergo wes telat banget.
“
hahaha, gayamu mel amel. semangat bimbele yoo. ” karo nututi aku mlayu.
amerga aku telat melu bimbel akhire
aku ora oleh melu bimbel dina iku. aku dihukum ngadek ing tengah lapangan nganti jam kesiji. dika yo
dihukum podo karo aku. akhire aku omong-omongan karo dika. isuk iku aku rada
bingung karo sifate dika. biasane dika mesti cuek. nanging iki dika maleh
perhatian karo aku.
“
hei, mel kuat to ngadek terus nganti jam kesiji? ”
“
kuat lah apa yo awakmu. ”
“
aku takon tok mel ngono ae ora oleh.”
pandangane dika wes beda ora kaya
biasane. aku sak kala langsung sumringah. ora ngerti napa rasane seneng ing
atiku. nanging aku mung bisa ngempet wae, aku ora bisa ngungkapke gone dika.
“ hai sukma ” celuke dika nalika pethukan sukma
ning kantin.
“
oh, dika. ana apa ka? “ saure sukma karo ndhredheg. ancen sukma duweni rasa
karo dika.
“
iku ma, aku oleh njaluk nomer hpmu? ”
“
haah, opo ka. tenan to? ”saking ndredege sukma nganti ora genah sing diomongne
dika.
“
haha, iyo ma. enek sing kape tak omongne. ”
“
ana apa ora langsung wae ning kene ka? ”
“
ora penak ma, akeh arek! ”
“
iyo wes ka, iki nomerku. ”
saking senenge sukma amerga dika
njaluk nomere lan jarene ape ngomongne perkara apa sing garai sukma maleh
penasaran lan ndredeg. sukma crito nang aku pas kapetuk aku ning dalan ape
muleh amerga saking sumringah atine.
“
mel.. amel? ”karo mlayu nguber aku.
“
heh, ana apa mel? ” kaget lan bingung.
“
aku arep crito mel. suneng atiku mel. ”
“
omongo ma. tak rungokne. ”
“
mel dika mau njaluk nomerku pas ning kantin. jarene areke arep ngomongne opo
tapi aku ora eroh. ndhredheg aku mel, mosok dika yo seneng karo aku. jujur mel
aku seneng banget karo dika. ”
“
ciee, iyo paling ma dika yo seneng karo awakmu buktine dika njaluk nomermu. ”
asline aku loro ati krungu dika njaluk nomere sukma, padahal mau sikape dika
wes garai aku seneng banget. jujur aku ya pancen duweni rasa ning dika. aku
mung bisa masa bedhoa. aku ora bisa gae sukma sedih.
“
heh, mel wasinen dika mel dika. ancene wedang bubuk gula jawa mel. ” nguwasi
dika sing ape marani sukma lan amel.
“
oalah iyo ma. aku tak disik ma aku arep ngeterne ibuku sore iki dadi kudu muleh
cepet. ” karo ngaleh ben ora pethukan dika.
“
iyo mel, ati-ati yo. ” aku wes rada adoh bar ngono dika teko marani sukma.
“
eh, sukma kok dhewekan lha amel nandi? ”
“
amel uwes disik ka. ana apa to kok goleki amel? ”
“
ora, kan biasane nek enek sukma ya enek amel.”
“
haha, bisa ae awakmu iku. ” saking senenge sukma maleh nyaman yen pethukan dika.
“
pancen tho. yowis ma aku tak disik yo. ”
“
iyo ka. ati-ati yo. ”
bengi iku aku sedih banget amerga
eroh yen dika asline senenge karo sukma. apa maneh dika njaluk nomere sukma.
nanging ora mungkin aku ngomong gone sukma nek aku yo seneng karo dika. aku
emoh kekancananku rusak yen aku ngomong gone sukma. bengi iku dika telfon gone
sukma.
“
kring…kring..kring.” sukma mlayu amerga enek telfon.
“
hallo, iki sapa ya? ”
“
hallo sukma aku dika. ”
“
oalah dika apene omong apa tho? ” saking senenge nganti keceplosan.
“
iku ma aku ape njaluk tulong ning awakmu. oleh gak?”
“
oleh oleh ka. njaluk tulong apa? “ ndredeg banget.
“
iku awakmu kan sahabate amel. aku seneng ma karo amel tapi amel cuek karo aku.
teros aku njaluk tulong supaya amel ora cuek karo aku.”
“
haa, apa ka apa? ”
“
aku seneng karo amel ma. ”
“
sepurane ka aku ora biso. “ mateni hp lan nangis amerga eroh asline dika iku
seneng karo amel.
isuk iku pas aku budal sekolah pethukan
dika ning dalan.
“meel..
amel? ”
“
eh, dika. aku disik yo selak telat. ” aku ngalih amerga emoh eroh dika. asline
iki jek isuk banget nek aku budal sekolah.
“
ana apa mel? kok saiki awakmu emoh petok aku? ” karo nguber aku.
nanging
aku tetep mlaku ora gatekne dika.
pas ning kelas aku marani sukma.
isuk iku sukma nangis tapi aku ora eroh sebabe apa. pungkasane aku marani dika.
“
dika endi? “ karo muntab.
“
eh, amel. ana apa mel goleki aku kangen aku to?”
“
jane sukma ana apa kok isuk-isuk wes nangis ning kelas?”
“
loh, aku ora ngerti mel. mambengi aku nelfon sukma ape njaluk tulong nanging
dipateni.”
“
lha awakmu njaluk tulongg apa?”
“
iku mel, sakjane aku seneng karo awakmu tapi kok awakmu meneng karo aku dadi aku
njaluk tulong sukma ngewangi aku ben iso cedak karo awakmu.”
“
awakmu ngerti ora, Sukma iku seneng awakmu. terus awakmu njaluk tulong gone
sahabatku. aku ora seneng karo awakmu ka. mulai saiki aja ganggu aku maneh. ”
aku
marani sukma ning kelas sing ketmau nangis terus, tapi dika panggah nguber aku
sampek teko kelas. akhire sukma emoh maafne aku lan dika. sukma panggah ora
percaya nek aku ora enek apa-apa karo dika. malah aku ikhlas nek sukma pacaran
karo dika. sukma nganti ora gelem maneh kenal aku. aku wes ora iso ndandani
barang kang wes rusak iki.